Kamis, 09 Januari 2014

Legenda Candi Prambanan

hai travelers,,
Minggu lalu 2-Jan-2014 kemarin aye ke candi prambanan kondisi hujan walau ujan aye tetep dah nekat kesono, aye kesono sengaja pakai kaos abu-abu dan bertulisan bandung, mitosnya si kalau kite kesana pakai baju seperti ntu mau minta jodoh yang terbaik pasti akan di kabulkan kalau kite ketempat sesuatu nye yang terdapat di candi prambanan, tapiii ntu hanya mitos kabarnye yang aye dapat. Sekarang aye mau cerite dulu deh sedikit aje dan mau berbagi ke sobat travelers semua, tapi aye mau cerita pakei bahasa jawa alias jowo karne aye lagi di jawa tengah niee jadi aye kudu cerite pakei bahasa jawa.



Sak cedake kutha Yogyakarta ene candi Hindu seng paling apik neng Indonesia. Candi iki kedadeyane tahun abad-9 M. Amargo manggon neng deso Prambanan, mulane candi iki kasebut Candi Prambanan. Critane ene pawongan sing sekti jenenge Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso kuwi pawongan seng ngewangi Raja Pengging tanding Prabu Baka. Pungkasane, Raja Pengging menang amarga diewangi Bandung Bondowoso. Amarga entok palilah saka Raja Pengging, Bandung Bondowoso manggon ing Prambanan. Nalika manggon ing Prambanan, Bandung Bondowoso nggumun marang rupane Roro Jonggrang sing ayu. Roro Jonggrang kuwi anake Prabu Baka, mungsuhe seng wes dipateni.

Sinangsa ngono, deweke pengen nikahi Roro Jonggang. Sak tenane Roro Jonggrang wedi arep nolak Bandung Bondowososing wes mateni ramane. Roro Jonggrang gawe sarat kanggo Bandung Bondowoso kudu gelem gawekke candi sing cacahe sewu karo loro sumur seng jero ing dalem sak wengi. Bandung Bondowoso banjur usaha menuhi sarate seng dijaluk Roro Jonggrang kanthi njaluk diewangi roh roh lelembut. Ngerteni Bandung Bondowoso diewangi para roh lelembut, Roro Jonggrang kuatir yen penjaluke bakal kaleksanan. Deweke nggugah para wadon-wadon supaya nuthuki pari nganggo lesung. Krungu suara kuwi, pithik pithik padha tangi dikira wes wayah esuk. Kukuruyuuk…. Roh roh halus padha mandhekake gaweyane dikira wes wayah awan.


Penggarapane candi kurang siji nanging Bandung Bondowoso wes kalah amarga wes entek wektune. Bandung Bondowoso mureng kaya bantheng ketaton. Roro Jonggrang disepatani Bandung Bondowoso dadi arca. Arca kuwi ana ing jero candi gedhe nganti saiki dijenengi Candi Roro Jonggrang. Candi candi seng ene neng cedhake jenenge Candi Sewu.

sobat travelers iki legenda ne tapi yen ene seng kurang arep di tambahi meneh yo ga popo monggo komen neng blog ku, berbagi pengetahuan ga ene salah ne.
Suwon yo...









Foto ku : 



Thankz : Bung Rizkia

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Translate